Lanjutan Khutbah I
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Manungsa dipunperintah kangge senantiasa nglampahaken proses-proses lan tahapan-tahapan ingkang lumrah. Islam meniko agami ingkang menghargai sanget fungsi akal sehat.
Keranten meniko, saben pandamelan dipunanjuraken supados dipun rencanaaken ingkang mateng lan ikhtiar ingkang maksimal. Salajengipun kito dungo lan pasrah total dhateng Allah.
Sial utawi begja meniko kelanjutan saking proses lan tahap kasebat, sanes ing mitos-mitos khayal ingkang mboten masuk akal. Supados kito bebas saking penyakit, manungsa dipun perintah supados gesang resik lan ngendhani pengidap penyakit menular.
Supados selamet saking bangkrut, pedagang disaranaken ndamel perhitungan ingkang teliti lan atos-atos. Supados lulus ujian, pelajar kedah sinau kaliyan saestu. lan sapiturutipun.
Nolak wontenipun “sasi sial” lan “sasi begja” nakal ngateraken kito dados pribadi ingkang wajar.
Mboten males ikhtiar amargi rumaos saben dintenipun mesthi kebak kabegjan. Ugi mboten was-was amargi dihantui dinten-dinten kebak sial.
Minongko kawulo, manungsa didorong kangge berencana, berjuang, lan ndongo; sawentawis ketentuan kasil punpasrahaken dhateng Allah. Kelawan mekaten, wanci panen kasil, kito tetep bersyukur; lan kala ngalami gagal, kito mboten lajeng putus asa.
bonndong-bondong medal mengosongkan daerahipun, baik kangge perang utawi dados musafir.
Kemudaratan lan kesialan saget ndhawahi kito kapan mawon, mboten kedah ing wulan-wulan tertamtu. Saking ngrikilah kito dipunajeng-ajeng kangge tansah njagi dhiri, nglampahaken usaha-usaha pencegahan, termasuk dongo nyuwun perlindungan dhateng Allah saben dinten. Donga ingkang saged dipunwaos inggih meniko:
بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا يَضُرُّ مَعَ اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
“Kelawan nyebat asmanipun Allah ingkang sareng asmanipun mboten bakal wonten menopo-menopo ing bumi lan ing langit ingkang sanggup ndugikaken mudarat. Allah ingkang maha-mireng malih maha-sumerap.”
Sinten tiyangipun ingkang maos dongo kasebat enjing lan sonten, mila piyambakipun mboten bakal nampi akibat awon saking malapetaka. Katrangan bab dongo meniko saged dipun panggihaken lebet hadits riwayat Abu Dawud, at-Tirmidzi, lan Ibnu Majah.
Jamaah shalat jemuwah hafidhakumullâh,
Kabegjan sejatos inggih meniko kala setunggaling tiyang kawulo ngisi wekdalipun kangge nglampahaken ketaatan dhateng Allah.
Sa-wangsulipun, rugi inggih meniko naliko salah setunggaling tiyang nyia-nyiakaken wekdalipun, termasuk naliko ing wulan-wulan mulia.
Mboten wonten sasi sial, ingkang wonten inggih meniko menopo lampahan kito mbekta maslahat menopo mboten, baik kangge kito piyambak utawi tiyang sanes. Meniko lah momentum sae kangge langkung menghargai wekdal, kelawan bangun optimisme lan semangat menghamba dhateng Allah setulus-tulusipun.
Editor : Kastolani Marzuki
Artikel Terkait