Ilustrasi teks khutbah Jumat bahasa Jawa bulan Safar terbaru penuh hikmah. (Foto: Freepik)

JAKARTA, iNews.id - Teks khutbah Jumat bahasa Jawa Bulan Safar 2024 bisa disampaikan ke jemaah shalat Jumat untuk meningkatkan ketakwaan dan amal ibadah.

Bulan Safar merupakan bulan kedua dalam kalender hijriah. Bulan ini diidentikan dengan datangnya bencana. Karena itu, perlu pemahaman lebih bagi Muslim untuk menepis anggapan bulan safar sebagai bulan sial.

Berikut ini iNews.id akan berikan ulasan mengenai contoh khutbah Jumat Bulan Safar Bahasa Jawa dilansir dari laman NU Ponorogo. 

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Bulan Safar

الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ خَلَقَ الزّمَانَ وَفَضَّلَ بَعْضَهُ عَلَى بَعْضٍ فَخَصَّ بَعْضُ الشُّهُوْرِ وَالأَيَّامِ وَالَليَالِي بِمَزَايَا وَفَضَائِلِ يُعَظَّمُ فِيْهَا الأَجْرُ والحَسَنَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ علَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِه وأصْحَابِهِ هُدَاةِ الأَنَامِ في أَنْحَاءِ البِلاَدِ. أمَّا بعْدُ، فيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ  

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullâh, 

Wonten ing kesempatan ingkang mulio meniko sumonggo kito usaha ningkatakaen kadar iman lan takwa dhateng Allah SWT. Kelawan nglampahaken sadayaning perintah-ipun lan nebihi sedaya larangan-ipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Ing jaman jahiliah, berkembang anggepan menawi sasi sapar inggih meniko sasi sial utawi dipuntepang kaliyan istilah tasyâ-um. Sasi ingkang mboten nggadhahi kajeng menopo-menopo meniko dipun-yakini gadhah keawonan-keawonan sehinggo wonten keajrihan kangge tiyang jahiliyah kagem nglampahaken hal-hal tertamtu.

Pemikiran kados meniko ugi taksih menjalar ing jaman sameniko. Sebagian tiyang nganggep menawi dinten-dinten tertamtu mbekta hoki utawi kabegjan, sawentawis dinten-dinten sanesipun ngandhut sa-wangsulipun.

Padahal, kados wulan sanesipun, sasi sapar netral saking kesialan utawi ketentuan nasib awon. Bilih menawi wonten kedadosan awon ing lebetipun, mongko meniko namung amargi faktor benten, sanes amargi sasi sapar meniko piyambak.

Islam mboten tepang dinten, sasi , utawi warsa sial. Sedayaning kawontenan ing alam dunyo meniko, wekdal inggih meniko makhluk Allah. Wekdal mboten saged ngadeg piyambak. 

Piyambakipun wonten lebet kekuwaosan lan kendali penuh Rabb-ipun . Saben umat Islam wajib berkeyakinan menawi pengaruh sae utawi awon mboten wonten tanpo izin Allah ﷻ.

Mekaten ugi sasi sapar. Piyambakipun inggih meniko bagian saking kalih welas sasi lebet tahun hijriah. Sapar inggih meniko sasi kaping kalih lebeting kalender qamariyah, sasampunipun Sura lan saderengipun sasi Rabiul Awwal.

Ibnu Katsir naliko nafsiraken Serat at-Taubah Ayat 36 ingkang ngginemaken bab wicalan sasi lebet sa warsa, njlentrehaken bilih nami shafar kekait kaliyan aktivitas masyarakat arab rumiyin.

Shafar artosipun kosong. Dipunwastani mekaten amargi ing sasi kasebat masyarakat kala meniko berbo Rasulullah piyambak nampik anggepan negatif masyarakat jahiliah tentang sasi sapar kaliyan lelampahan ingkang positif. Habib abubakar al-‘adni lebet Mandhûmah Syarh al-Atsar fî mâ Warada ‘an Syahri Shafar jelentrehaken bilih pinten-pinten peristiwa penting ingkang dipun alami Nabi kedados ing sasi Sapar.

Ing antawisipun, Kanjeng Nai nikah kaliyan sayyidah khadijah sasi Sapar, nikahaken putrinipun Sayyidah Fatimah kaliyan Ali bin Abi Thalib, ngantos enggal hijrah saking makkah dhateng madinah.

Artosipun, Rasulullah mbantah keyakinan masyarakat jahiliah sanes namung kalih argumentasi nanging ugi pembuktian kangge dhiri piyambakipun. Kaliyan nglampahaken hal-hal sakral lan penting ing sasi sapar, Nabi kadosipun gadhah pesen menawi sasi sapar mboten benten saking bulan-bulan sanesipun.


Editor : Kastolani Marzuki

Halaman Selanjutnya
Halaman :
1 2 3
BERITA POPULER
+
News Update
Kanal
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
MNC Portal
Live TV
MNC Network