Intip Surat Cinta Bung Karno untuk Sang Istri Haryati, Netizen: Romantisme Level Dewa

JAKARTA, iNews.id - Sosok sang proklamator Presiden Soekarno memang dikenal akan kharismanya kepada kaum hawa. Rayuannya banyak dituangkan dalam surat cinta yang membuat perempuan incarannya bertekuk lutut.
Soal merangkai kata, Bung Karno memang jagonya. Berikuti salah satu surat cintanya kepada sang istri Haryati Soekarno dalam 'The Hiden Story, hari-hari bersama Bung Karno'.
Surat cinta ini ditulis pada 31 Agustus 1963, ditujukan kepada Haryati yang dinikahinya 21 Mei 1963 yang ditulisnya pada dua lembar kertas.
Pada sisi kertas ditulis miring, Bung Karno menulis 'Bali saka hotel, ora bisa turu, njur nulis layang iki” (Pulang dari hotel, tidak bisa tidur, lantas menulis surat ini).
Surat kepada Harijatie ini pun dituang dalam bahasa Jawa dan terjemahan yang dikutip dari akun Instagram @Presidensukarno:
Yatie adikku wong ayu,
Iki lho arloji sing berkarat kae. Kulinakna nganggo, mengko sawise sesasi rak weruh endi sing kok pilih: sing ireng, apa sing dek mau kae, apa karo-karone? Dus: mengko sesasi engkas matura aku (Dadi: senajan karo-karone kok senengi, aku ya seneng wae).
Masa ora aku seneng! Lha wong sing mundut wanodya pelenging atiku kok! Aja maneh sekadar arloji, lha mbok apa-apa wae ya bakal tak wenehke.
Tie, layang-layangku ki simpenen ya! Karben dadi gambaran cintaku marang kowe kang bisa diwaca-waca maneh (kita baca bersama-sama) ing tembe jen aku wus arep pindah-omah sacedake telaga biru sing tak ceritake dek anu kae. Kae lho, telaga biru ing nduwur, sak nduwure angkasa.
Coba tutupen mripatmu saiki, telaga kuwi rak katon ing tjipta! Yen ing pinggir telaga mau katon ana wong lanang ngagem jubah putih (dudu mori lho, nanging kain kang sinulam soroting surya), ya kuwi aku, — aku, ngenteni kowe. Sebab saka pangiraku, aku sing bakal ndisiki tindak menyang kono, — aku, ndisiki kowe!
Lha kae, kembang semboja ing saknduwure pasareanku kae, — petiken kembang iku, ambunen, gandane rak gandaku. Dudu ganda kembang, nanging sawijining ganda kang ginawe saka rasa-cintaku. Sebab, oyote kemboja mau mlebu ing dadaku ing kuburan.
Masmu
Sukarno
Editor: Donald Karouw