4. Kultum Keempat
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kawula hormati bapak ibu sedoyo Lan para rawuh ingkang sampun kempal wonten mriki. Sepindah, monggo kita ngaturaken Alhamdulillahi Rabbil ‘alamin, damel sedaya nikmat ingkang sampun diparingi Allah, sehinggo kita sedaya saget sami-sami sinau agama wonten papan punika.
Kaping kaleh, sholawat lan salam damel junjungan agung kita Nabi Muhammad saw. Nabi utusan Allah ingkang kula lan panjenengan rantos syafaatipun wekdal yaumil qiyamah. Para rawuh rahimakumullah.
Nikmat ingkang sampun diparingi Allah katah sanget lan mboten saget kita itung. Nikmat kasarasan, nikmat kasugihan, nikmat dahar lan ngunjuk, kaleh ingkang paling penting lan utama yaiku nikmat iman kaleh islam.
Kula lan panjenengan sedaya sampun kedah bersyukur kaleh nikmat-nikmat Allah. Nopo mawon ingkang saget kita mlampahaken damel bersyukur dumateng Allah? Kaping setunggal, ngaturaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Kalimat tahmid menika kalimat pujian dumateng Allah.
Tegesipun matur kalimat tahmid yaiku, kita sedaya emut menawi nikmat niku saking Allah. Mboteng namung saking usaha kita. Ingkang kaping kaleh, kita saget berbagi marang lintune damel nikmat ingkang sampun keparingan dumateng kita.
Misalipun kaleh kesarasan, kita saget mbiyantu tenaga marang tiyang intune ingkang kasisahan. Kaleh dhaharan lan ujukan ingkang kita kagungan, kita saget maringi marang tiyang lintu ingkang kekirangan dhaharan. Bapak Ibu sedaya.. Kaleh bersyukur, Allah badhe nambah nikmat panjenengan,
Kita sedaya kedah pinter-pinter bersyukur lebet kawontenan nopo mawon. Sanadyan menawi kula nopo panjenengan gerah. Kita kedah yakin niku cara Allah mbusek dosa-dosa kita.
Mugi-mugi kula lan panjenengan dipuntebihaken saking sifat kufur nikmat. Lan mugi-mugi kita sedaya kelebet tiyang-tiyang ingkang tansah emut kaliyan Allah. Amin ya rabbal ‘alamin Bapak ibu lan sedaya rawuh ingkang dirahmati Allah.. Cekap semanten ingkang saget kulo aturaken. Nyuwun agungipun pangapura menawi wonten kekirangan lan kelepatan kulo. Wassalamualaikum wr wb.
5. Kultum Kelima
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamdulillah, sedaya puji tansah konjuk dhateng Allah ingkang sampun kanugrahan arupi kasarasan sarta rejeki kagem kita sami.
Solawat ugi salam salam sumangga tansah kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluwargi, ugi para sohabatipun. Kanthi mekaten mugi-mugi kita sedaya tansah pikantuk sapangatipun ing dinten kiyamat mangke.
Para mitraku sing daktresnani, dhateng wekdal ingkang sae punika, nyuwun palilahipun sakiing panjenengan sami, kula badhe sekedhik matur ngenani babagan wigatosipun kagungan rasa sokur ing gesang kagem kita sedaya.
Raos sokur punika kedah dipungadhahi dening sinten kemawon, klebet kita ingkang taksih lenggah dados siswa dhateng papan pawiyatan punika.
Prelu para mitra ngertosi menawi kagungan raos sokur salebeting gesang menika mujudaken salah satunggiling prentah saking Gusti Allah ingkang kaserat dhateng lebeting al-qur’an surah Al-baqarah ayat 152.
Wosing ayat punika menawi tiyang kagungan raos sokur tegesipun piyambake tansah emut marang wontene Gusti Allah. Dene tiyang ingkang boten kagungan raos sokur, tegese tiyang punika sampun kesupen kalih Gusti Allah.
Sameshinipun para mitra rak nggih sampun sami mangertos menawi tiyang ingkang tansah emut marang wontene Gusti Allah tansah dipuntambah sedaya kanikmatan sarta kanugrahanipun. Sarta kados mekaten kosok wangsulipun.
Tiyang ingkang boten kagungan raos sokur tansah nampi pacoban saking Gusti Allah sarta dipunsuda sedaya kanikmatan sarta kanugrahan ingkang sampun dipunparingaken.
Kita sedaya ing ngriki samesthipun sami kagungan pepinginan pikantuk tambahan kanugrahan saking Gusti Allah. Mula saking niku wiwit dinten niki, kita tansah ajar dados salah satunggaling umat ingkang wasis ngraos sokur dhumateng sedaya paringanipun Gusti Allah.
Tumindak sokur ingkang saged dipuntindakake dhateng gesang saben dinten punika kathah sanget. Nampi garising nasib kanthi mboten nggresah sarta ngresula menika sampun kalebet tumindak sokur.
Allah sampun janji, sinten kemawon ingkang kersa nampi garising gesang kanthi manah ingkang ikhlas, sedaya panandhang, sesuker, sarta sedaya sakitipun bakal kaangkat sarta kagantos dening kabagyan ing duginipun tanpa dinuga.
Mugia kita saged dados umat ingkang mekaten. Umat ingkang kersa nampi garising gesang kanthi ikhlas.
Para mitraku kang daktresnani, dakkira cukup semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten kirang sarta lepat anggen kula matur. Kula nyuwun agunging pangaksama.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Itulah ulasan mengenai kultum Bahasa Jawa tentang bersyukur. Semoga bermanfaat!
Editor: Komaruddin Bagja