Nang ndi-ndi Tejo mikirno Surti, sampe nang jamban barang. Pas ndodok nang jamban Tejo nemu emas-emas kintir.
Tejo : wih, opo iki? Koyok emas. Bekne yo iso didol, lak lumayan gawe nglamar Surti. (ngumbah ambek ngusap-ngusap botol emas sing ditemu)
Jon : lapo koen arek enom?
Tejo : wih, sopo koen? Kate ngintip aku yo?
Jon : sepurane cak, ga napsu aku ambek koen. Aku iki Jon.
Tejo : oalah.. koen jin sing iso ngekeki 3 panjalukane wong iku ta?
Jon : duduk! Aku Jon, aku mek iso ngekeki 1 panjalukanmu.
Tejo : medit merkedit mati njentit! Aku njaluk 100 panjalukan!
Jon : kandani aku Jon, dulure Jin. Aku isone 1. Yowes tak keki 2! Ndang, koen njaluk opo? Aku gupuh kate rapat iki!
Tejo : halah, gaya. Ojok medit-medit lah! Siji ae lho! Aku njaluk biskuit sing paling enak kanggo nglamar Surti.
Jon : yowes ngko jupuken nang slorokan CD.mu!
Nang omahe Surti
Yati : iku lho Mak pacar anyare Surti
Mak : opo? Arek iku? Bakul biskuit iku? Gak, ga oleh. Kuru engko awakmu! Ben dino dipakani biskuit. Tapi jek Alhamdulillah timbang tukang ember.
Tejo : assalamualaikum!
Yati : waaaikumsalam. Surti jek nang njero cak!
Surti : eh, Kang Mas Jojo! Wes suwe ta nang kene? Wes ayo budhal!
Mak : heh! Kate nang ndi iku?
Tejo : bade kencan, Mak!(nyalami Mak)
Mak :hiihhhh… (narik tangane).Surti, ojok pacaran karo tukang biskuit iki!
Tejo iling nek tejo duwe biskuit eunak teko jin sing ditemoni. Tapi tejo bingung piye carane Mak gelem mangan biskuit iku maeng. Tejo mbisiki Yati cek nginjak sikile Mak.
Mak : Aaaaa!!!!(langsung dijejeli biskuit karo Tejo)
Tejo : kabuurrrrr!!!!!
Mak : WOYYYY!!! Eh, tapi ko uenak yo biskuite? Uenake rek..
Yati : Mak!
Mak : lapo koen ga ngaleh pisan? (langsung melbu omah)
Editor : Ihya Ulumuddin
Artikel Terkait