JAKARTA, iNews.id - Inilah 5 contoh ikrar halal bihalal bahasa Jawa yang dapat digunakan setelah libur lebaran. Diketahui, Ikrar halal bihalal adalah momen di mana orang-orang mengunjungi keluarga dan kerabat, serta berkunjung ke rumah-rumah tetangga atau teman-teman.
Ini adalah tradisi yang memperkuat ikatan sosial dan menjalin hubungan yang lebih erat antara masyarakat. Dalam acara halal bihalal, ada yang namanya ikrar atau janji yang sungguh-sungguh. Ikrar halal bihalal merupakan janji dengan sungguh hati, membenarkan, mengakui untuk memaafkan semua kesalahan sesama manusia.
Ikrar ini bertujuan sebagai pernyataan untuk memaafkan dan menghalalkan segala kesalahan antar sesama.
Dilansir iNews.id dari NU Online, ikrar halal bihalal juga bertujuan untuk memberikan kesempatan kepada orang lain agar meminta maaf atas kesalahan-kesalahannya kepada kita.
Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa
Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 1
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Bismillah alhamdulillah la haula wala quwwata illa billah amma ba’du. Para rawuh ingkang tansah satuhu kinurmatan, keparenga ing ngriki kula dherekaken kanthi sesarengan ngonjukaken sedaya raos puji sarta puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Dene punapa kula dalah lan panjenengan sami saget nyawiji raos ing adicara Syawalan kagem ngregengaken duginipun Idul Fitri 1444 H menika kanthi kebak nikmat ingkang tanpa pepindan, sehat bregas waras tanpa wonten kirang setunggal punapa. Samangke, kula ingkang badhe maca, dene panjenengan ingkang sedaya kula ajab lan suwun supados ngambali ingkang kula ucap kanthi sesarengan
Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadualla ilaaha illallah. Waasyhadu anna Muhammadarrosulullah. Saderengipun nuwun sewu, kula nyuwun wekdalipun sekedhik kagem matur. Kapisan kagem para kadang sepuh, mugia sungkem pangabekti kula tansah saged dipuntampi dening panjenengan sedaya.
Kaping kaleh kagem para sederek kula ingkang langkung anom sarta sesami, kawula namung badhe ngaturaken salam taklim dhumateng penjenengan sami. Ing dinten riyadin punika, inggih dinten Idul Fitri menika, kula badhe matur, taqabalallahu minna wa minkum.
Mugia sedaya amal kesaenan ingkang sampun kita tindakaken sadangunipun wulan Ramadhan saged dipuntampi dening Allah SWT. Ing kalodhangan dinten punika, ingkang dados wigati, kawula badhe nyuwun aksama saking sedaya kalepatan kula, lahir ugi batin, kanthi raos ikhlas ing salebeting manah, satuhu nyadong pangaksama mugia panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dhumateng lepat kula. Kosok wangsulipun, mbok bilih menawi panjenengan hanggadahi kelepatan dhateng kula, kanthi ikhlas saking lebeting batin kula sampun paring pangaksama dhumateng panjenengan sedaya. Mugia Gusti Allah kersa paring ijabah saha ampunanipun dhumateng kita sedaya. Amin, amin, Yaa robbalaalamiin.
Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 2
Duh Gusti Allah pangeran kula. Sedaya pangalembono kunjuk wonten ngarso paduka. Wonten ing dinten menika, kula sami silaturahmi, saperlu halal bihalal apuro ing apuran. Dhumateng bapak/ibu engkang kaleres sepuh. Kulo ngaturaken raos bektos kula, Dhumateng kadang sesami, kula ngaturaken salam takdzim kula.
Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 3
Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah. Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan
Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 4
Duh Gusti Allah pangeran kula. Sedaya pangalembono kunjuk wonten ngarso paduka. Wonten ing dinten menika, kula sami silaturahmi, saperlu halal bihalal apuro ing apuran. Dhumateng bapak/ibu engkang kaleres sepuh. Kulo ngaturaken raos bektos kula, Dhumateng kadang sesami, kula ngaturaken salam takdzim kula.
Contoh Ikrar Halal Bihalal Bahasa Jawa 5
Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah. Kepareng matur, dumateng Ibu/Bapak sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur ing ngarsa panjenengan.
Demikianlah 5 contoh ikrar halal bihalal bahasa Jawa. Semoga artikel ini dapat bermanfaat bagi sobat iNews.id
Editor : Komaruddin Bagja
Artikel Terkait